Weeeeeee ketemu maneh cak, ning…..
Dino iki, bengi iki, jam saiki, menit saiki, ambek detik
iki. Aku pengen mbahas sing jenenge MALEM MINGGUAN! Pasti kon-kon saiki podo
mikir ngene, “ah nurul maneh! Gak asik raimu! Mbahas kok mbahas malmingan, kon
lho plagiat Bayu Skak! Koyok gak onok crito liyane ae!”
Okee santé ae seh sakjane. Aku gak
katene plagiat Bayu Skak sing onok videone nang youtube iku. Lha gawe oposeh
aku plagiat? Aku lho isok luwih frontal teko wong iku! Gak percoyo a kon rek? Oke, melok aku saiki
nang TK Dharma Wanita! Eh…? Maksudku nang TKP!
Kon
pastine ngerti kan saiki dino Sabtu, wayah’e wong-wong bermesraan, mlaku-mlaku
nang mall, dulang-dulangan sempak karo BH! Yo aku paham kok nek saiki iku Malam
minggu!!! Malam sing nggarai arek lanang-lanang bangkrut. Malam sing nggarai
wong galau, nggarai wong stress, nggarai wong katene bunuh diri! Ngerti a kon
ha?
Jarene seh,
nek wayah’e malmingan iku metu karo genda’ane dewe-dewe, metu karo konco-konco
terus ngeluyur sampek tekan njethak, yo dijabani ae wes. Mbasio duwek’e nipis,
dompet isine mek duwek recehan tok koyok mari ngamen. Tetep ae budal mbonek! Ngenes
ndelok’e.
Tapi
aku iku mesti sakno ambek arek lanang-lanang. Opo’o? Soale mesti diporoti duwek’e
tok ambek sing wedok. Mesti nek malmingan ngene iki, terus metu ambek konco
lanang lek gak ambek genda’ane, arek-arek wedok iku wes pasti mek gowo duwek
titik tok. Onok sing nggowo limangatusan tok. Maksud’e mangatus repes hehehe :D
Opo’o seh
rek kok isok ngono? Bondo titik lah, nggowo sewu ta rongewu ngono loh ben rodok
akeh. Terus loh awakmu kabeh iku gak ngesakno genda’anmu ta? Tapi yo gakpopo she
kudu wajar.
Kadang
ngono onok arek wedok’e sing mbayari mangan, rokok, nukokno klambi hass sak sembarange
wes! Kon ngerti? GAK PATEK’EN! Yo nek kon wes nduwe duwek dewe ngono, tukokno
genda’anmu iku klambi sing akeh, sempak spiderman sak lusin ben bendino ganti.
Lah wong duwek sek tekok wong tuwa ae kok gaya atek nukokno barang.
Yo
ngerti kon sayang rek. Tapi yo gak LEBAY ngono -____-
Mbalek nang malem minggu. Nek menurutku yo rek malem minggu
iku nggrai wong galau. Misale ae onok arek katene metu malem mingguan. Tapi de’e
bingung katene metu ambek sopo, terus sing mbayari metu sopo, kate nggawe
klambi opo, dandan yok opo. Maringono de’e galau. Terus de’e gak nduwe semangat
urip. Terus matek bunuh diri! Saknone~
Malem
minggu iku paling enak yo turu nang omah, nontok tipi, online, nyampah nang
twitter, iku ae wes nggarai ati seneng.Aku asline gak oleh metu sumpah!
Blak-blak’an ae. Mbasio aku nduwe genda’an sepuluh, gak ngarah aku metu
bengi-bengi keluyuran. Mbasio konco-koncoku ngajak aku metu, aku yo emoh. Soale
opo’o? HEMAT! Iku nek aku lho yoo.
Yo
bukane aku iri ta yoopo ambek arek-arek sing isok metu kluyuran nek pas
malmingan. Tapi aku pengen ae ngebahas kebiasaane arek-arek nek gendaan nek pas
malmingan hahaha :D
Sori yo rek ojok
ngamok a, engkok ganteng’e ilang lho, engkok ayune melok ilang lhooo… Gak gak
rek aku mau crito mek guyon. Tapi yo onok benere seh, nek jareku lho yo. Mboh
maneh arek-arek sing moco.
Eh eh,
kon nek katene metu saiki aku tukokno eskrim siji yoo, aku lagi pengen lho rek.
Ojok medit-medit yo ambek aku. Duwek’e engkok tak ijoli wes okeeee (y)
SEKIAN
NB ; Sing moco iki gak oleh ngamok, gak oleh ngersulo, kudu
legowo~
Tidak ada komentar:
Posting Komentar